Sabtu, 04 Agustus 2012

pidato masraaken manten


السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته

اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِلا قَدْ قَا لَ فِى كِتَابِهِ الْكَرِيْم. وَاَنْكِحُوْا اْلاَيَّامَى مِنْكُمْ وَالصَّالِحِيْنَ مِنْ عِبَادِ كُمْ وَإِمَا ئِكُمْ وَإِمَ ئِكُمْ إِنْ يَكُوْنُوْا فُقَرَاءَ يُغْنِيْهِمُ الله مِنْ فَضْلِهِ وَ اللهُ وَاسِعٌ عَلِيْمٌ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّد القائل النّكا حُ سُنَّتِى فَمَنْ أَحَبَّ فِطْرَ تِى فَلْيَتَسَنَّ بِسُنَّتِى وَعلَى اله وَ أَصْحَا به وَمَن والاه امّا بعد

Poro bapak, poro ibu, hadirin sedoyo ingkang kawulo mulyaaken.
Sakderengipun kulo matur nopo ingkang Alloh SWT, ingkang sampun paring pinten-pinten rohmat dateng kito sedoyo, sehinggo kito saget makempal wonten ing acara masraaken manten.
Wong Jawa kuwi percaya yen lair, jodho lan mati kuwi ing astane Allah. Minangka titen-titenane saben perangane urip iki, tansah ditandhani kanthi satuhune. Reroncen prosesi rinengga sakathahing simbul diadani minangka temune jodho sing diparingake dening Gusti Allah, kanthi dedonga panyuwun muga-muga penganten sajodho kuwi bisa ngleksanani uripe kanthi becik, kalimphan pangestu lan rejeki.
Sih rahmat lan tentrem rahayu saking Gusti ingkang Maha Agung mugi tansah kasarira wonten ing Panjenengan lan kula waradin sagung dumadi.
Panjenenganipun Bapak suparjo ingkang sumulih sarira panjenenganipun Bapak/ Ibu maryatun sagotrah minangka purwaning atur, kula ingkang, dados talanging basa panjenenganipun Bapak/ Ibu sekeluarga mugi kepareng matur.
Ingkang angka sepisan.
Ngaturaken puji pambagya wilujeng sarawuh panjenengan ing ngriki saha Sang Pinanganten kakung pun bagus Abdul latip tuwin para kadang lan sentana pangaraking Temanten sedaya.
Menggah kasugengan saha salam taklimipun Bapak ngadiman sekaliyan garwa kula tampi, kosok wangsulipun salam taklimipun Bapak/ Ibu Supinah mugi kaaturna ing ngarsanipun Bapak Suparjo sagotrah.
Satuhu kaluhuran sabda pasrah panjenengan sadaya kalawau, pramila sasampunipun kula tampi sampun boten wonten ingkang cicir, badhe enggal kula aturaken dhumateng Bapak/ Ibu keluarga sakbrayat.
Ing salajengipun, jalaran panjenengan lan kula hamung sadermi anjangkah jangkaning Widhi ingkang dhumawah dhateng anak Mas (calon) penganten Sarimbit. Dhasar kekalihipun kalebet bebasan “Tumbu oleh tutup, lahang karoban manis” ngiras njumbuhaken atur saha raos ingkang sampun golong, geleng lan gilig, manunggaling rasa, cipta, budi, karsa miwah karya antawisipun para sesepuh ingkang samya amangun bebesanan, pramila wonten dhangan saha sarjuning penggalih kaparenga anakmas (calon) temanten kakung kula larapaken anindakaken upacara Ijab (panggih) ing Penganten.
Dene salajengipun, sumangga panjenengan dalah sedaya pangaraking Temanten, kula dherekaken pinarak lenggah wonten sasana ingkang sampun mligi kasediyakaken, ngantos dumugi saparipurnaning pahargyan pawiwahan dhauping temanten ari (ratri) punika, saha kaparenga paring berkah pangestu dhumateng Anakmas Risang Temanten Sarimbit.
Ing wasana minangka purnaning atur mbok bilih wonten kiranging trapsila, punapa dene kiranging subasita anggen kula nampi rawuh panjenengan sedaya, mawantu-wantu mugi keparenga ngrentahaken gunging pangaksama.
Sarehning sampun dumugi titiwanci upacara Ijab/ Panggihing penganten badhe enggal kula tindakaken kanthi pangajab: Nirbaya, Nirwikara, Nir ing sambekala.

و بالله التو فيق و الهداية

والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته


PIDATO MASRAAKEN MANTEN

NAMA         : NURSODIK
KELAS       : XII TKBB 2
NO.    : 27

Tidak ada komentar:

Posting Komentar